Urip iku neng ndonya tan lami
Umpamane jebeng menyang pasar
Tan langgeng neng pasar bae
Tan wurung nuli mantuk
Mring wismane sangkane uni
Ing mengko aja samar
Sangkan paranipun
Ing mengko podo weruha
Yen asale sangkan paran duk ing nguni
Aja nganti kesasar

Yen kongsiho sasar jeroning pati
Dadya tiwas uripe kesasar
Tanpa pencokan sukmane
Separan-paran nglangut
Kadya mega katut ing angin
Wekasan dadi udan
Mulih marang banyu
Dadi bali muting wadag
Ing wajibe sukma tan kena ing pati
Langgeng donya akherat

0 Response to " "

Posting Komentar